Trah Prapto Dimejo "rukun karo sedulur sumanak karo tonggo teparo .Bersatu karo Kabeh sukuning bangsa!"

Sabtu, 04 Juni 2016

sikile vina keno gulu banyak knalpot

Setu kliwon 4 juni 2016.jam 10 awan.rekane arep neng pakem tuku aki vario.gandeng ra nggowo duwit terus mampir atm bpd turi.pas mbokne mlebu atm vina ro aku nunggu neng pit..ndilalah vina pingin niliki mbokne.li mudun mlorot.sikile sik kiwo nyenggol gulu banyak..nyas...
Pas keno vina ra nangis.let pirang menit lagi nangis....owalah. Trus ro mbokne ditukoke salep neng ngarep pasar turi..maafkan ibu bapakmu yo nok..mugo lekas mari..ben ra nangis vin teros dijajake soto dol ndeso pakem.lanjot dolan neng mirota pasar raya kentungan...wes ngono wae critone..


4 tahun engkau sayangku

Dino iki kemis 19 mei 2016..... Genep 4 taon koe nok...mugo mugo dadi bocah pinter yo...ojo nakal yo..ojo wani ro wong tuo...kabul kabeh cita citamu...amin ..

Senin, 02 Mei 2016

opo anane, opo nduwene,rasah neko neko

Urip pancen rekoso.ning ojo rekoso mergo urip.nek pancen ora iso kaleksanan kekarepane.yo rasah mekso.sebab kabeh kui gumantung awake dewe.saiki opo sesok podo wae mung gari kapan awak dewe kui kuat.sederhana kui gampang.mung angel yen nglakoni karo grenengan.cukup ati lilo legowo wes keno nggo modal nglakoni kabeh kewajibane wong urip neng ndonya

urip kui opo.opo kui urip

Kui takon opo ngandani.pitakonan sik ra perlu jawaban.....amboh aluweh..wes sak karepmu....

Jumat, 09 Januari 2015

36 taon...aku ono ing ndonya

       Saiki dino jemuwah pon 9 januari 2015,genep 36..matur nuwon gusti,,,mugi paring umur kanggoku..iso ngrasake dadi anak ugo dadi  wong tuwo...
 Alhamdulilah ,,,syukurku mung kagem panjenengan..mugo mugo tansah langgeng ngantos paripurno ono ing bumi,,amin...
iki neng watu bekas lahar dingin wetan smpn kepuharjo cangkringan


iso nggo ngebleki omah 1 yo wes cukop watune



lapangan denggung momong dek vina mancing mancingan



jajan bakmi sabar menanti pakem


Senin, 19 Mei 2014

selamat ulang tahun vina yang ke 2

Dino iki senen pon 19 mei 2014 ,alvina aulia zahra ulang tahun yang ke 2.dino iki ugo ibumu ra iso ngancani ulang tahune kowe dek,soale pas mlebu nyambut gawe,nanging bapak,simbah,bude iso ngancani kowe dolan dolan ngrayake ulang tahunmu ono ing taman anak kaliurang.senajan ora ono opo opo nanging mugo mugo iso nggo tombo nyenengke atimu ..sik ta jaluk umurmu tambah setahun tambah nalar,tambah pinter,bekti marang ibu bapakmu,soyo gede ora tambah nakal,nanging iso ngerti pelajaran uripmu ...mugo gusti alloh ngijabahi opo sik dadi cita citamu tembe mburi,tansah sehat selalu,Amin ya robal alamin











Kamis, 06 Februari 2014

krepo prapto dimejo

https://maps.google.co.id/maps/ms?msid=215176456313952183205.0004f1b0fea1b1858bd90&msa=0