Trah Prapto Dimejo "rukun karo sedulur sumanak karo tonggo teparo .Bersatu karo Kabeh sukuning bangsa!"

Minggu, 19 Mei 2013

.::ULANG TAHUN KE 1 ALVINA AULIA ZAHRA::..

 Dino minggu pon tanggal 19 mei 2013 dek vina genep setaun umure,seneng,rasane ndeloke bidadari ciliku ngancik umur setaun,seneng susah campur dadi siji,susahe dadi ilang kabeh amargo ngewaske tingkah lan lakune sik soyo nggemeske.donga lan pamuji ora tansah kendat mung kanggo gusti Alloh swt,sing ngenei sak kabehe marang anakku.genep setaun umurmu ugo genep 4 untu sik tukul ono tutokmu sik mungil kui.sedino sak durunge dek vina karo mbah lan ibu bapak dijak mlaku mlaku ono ing gembiroloka,seneng ngewaske anake yen dijak plesir.karo pakde dedik sik ngeterke.ulang tahun di rayake mung opo anane wae,ono ing omae simbah lor.sik penting bersukur marang gusti alloh swt.mugo mugo dek vina tansah sehat wal afiat,dadi bocah pinter,bekti marang wong tuwo,keluargo,agomo lan bongso..mung donga pengestune wong tuwomu  mung tansah dadi sanguning uripmu ono ing ngalam ndonya dek...









Tidak ada komentar:

Posting Komentar