Trah Prapto Dimejo "rukun karo sedulur sumanak karo tonggo teparo .Bersatu karo Kabeh sukuning bangsa!"

Rabu, 22 Februari 2012

kebon salak pondoh turi sleman











urip neng ndeso kui ora iso dipisahke karo sawah utowo kebon,saben ndino wargo podo nggarap sawahe,ono sik nandur pari,ono sik nandur jagung utowo telo lan liyo liyane,salah sijine ono ing daerah turi sleman,wes kondang menowo turi kui kondang salake,yo salak pondoh,mbiyen jamane salak jowo ugo kondang nanging jaman wes berubah salak jowo wes ditinggalke utowo malah wes dirombak amergo regane ora mbejaji,bab roso ugo kalah karo salak pondoh.wes rasane legi,tur regane tingkel karo salak jowo.saben ndino diupokoro supoyo apik hasile,dirabuk,didangir utowo disulam,kembang salak lenang ugo ono gunane ,yooku dinggo ngembangi salak wedok,supoyo salake iso gede-gede.sakjane ora dikembangi yo ra popo,nanging hasile ora maksimal,malah malah mung ten krantil ora dadi kabeh.paling ora sesasi pisan wit salak papahe kudu dibabati supoyo congok/mancung iso metu,ora kaling kalingan papah sik wes ra produksi.poro tani tansah mbudidoyo supoyo tanduran salak iso uwoh kanti apik.yen apik mesti wae regane melu apik ,iyo ra kang??,,,,hehehe..,gunung merapi pancen marake subur, lemah ono ing sak pinggiring merapi kabeh subur...mulo dijogo sawah lan kebone sokor sokor nggunake rabuk kandang utowo uwoh uwoh godong godongan,ojo nggunake rabuk pabrik sik okeh kimiane..iyo ra pakde?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar