Trah Prapto Dimejo "rukun karo sedulur sumanak karo tonggo teparo .Bersatu karo Kabeh sukuning bangsa!"

Kamis, 31 Mei 2012

ALVINA AULIA ZAHRA




 ALVINA AULIA ZAHRA yo kui jenengmu nak,sing dinehke kowe seko wong tuwomu.kowe lahir tanggal 19 mei 2012 jam  10;20 wib ,bobotmu 3900gr,dowomu 50 cm.lahir kanti slamet.naliko kui kowe kroso pingin cepet cepet metu jam 04;30 wib,ibumu kroso terus enggal enggal siap siap.jam 6 esuk ibumu ro bapakmu moro neng ponosaran ,marani bidan ibu sukamti,neng omah kui kowe di priksake ben sasi sak durunge lahir,pas dino sabtu pon 19 mei 2012  kowe lair.puji syukur kanggo gusti alloh,kowe lahir kanti normal,aku ngerti menowo ibu kui yen nglahirke anak jebul direwangi toh pati,aku iso ngomong ngono kui mergo aku nunggoni naliko kowe meh lahir,eluh tangis lan tenogo ditoke kabeh,supoyo slamet sakkabehe.Suoro tangismu mecah kawatiring ati.anugrah ugo titipaning ilahi mugo  mugo iso nggowo berkah kanggo wong tuwo,keluargo lan bongso.Mugo-mugo gusti Alloh swt tansah ngenei rezeki lan barokah kanggo kowe nok,padang dalanmu jembar rezekimu,sing disuwun wong tuwomu ,mugo mugo kowe dadi bocah pinter,iso nyenengke wong tuwomu yo,nyenengke keluargo ,tonggo lan bongso,Alvina seko boso jerman artine disenengi wong akeh,aulia kui mulia,zahra artine kekasih Alloh,jeneng nggowo teges.tanggal 19 mei 2012 ibumu mlebu klinik bu kamti,tanggal 20 mei jam 7 esuk kowe wes ta gowo bali menyang simbah sidosari.seko tanggal 20 mei-29mei.tanggal 26 mei kenduren lan kekahan kowe.tanggal 30 mei kowe tak gowo mulih neng mbangarum.bali ono omahmu.panyuwuku bektio marang wong tuwomu,simbahmu,sedulurmu,tonggomu,lan bongsomu.sebab urip kuwi mung sepisan ora iso dibaleni meneh,gunakno umurmu ,uripmu kanggo kebecikan.Amin..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar